Kamis, 24 Oktober 2013

Ilmu Sejati Kudu Tinuku Topo Broto


1.     Tapaning Jasad
Jasad di mangerteni minongko badan jasmani lan badan rohani, saben dinane diajab ora rumindak sing njalari serik ing liyang, koyoto gampang nesu, loro ati, ndrengki, srei, lan sak piturute. Banjut narimo terusing batin menowo manungso tumitah manut pepesthening dewe-dewe, bab jodo, rejeki, pagawean, umpamane, kabeh wes digarisake dening kang amurbo sukmo, manungso sak dremo ngleksanakake, narimo ora teges pasrah bongkok’an ngunu wae ananging tetep kudu dikanteni doyo upayane manungso nyukupi sandang pangan, papan lan kebutuhan padinan liyane.
2.    Tapaning Budi
Budi dimangerteni minongko jatining manah, mulo di ajab saben dinane tansah anyirnakake ati goroh lan tumindak kang jujur, utamane jujur marang diri pribadi, yen wis jujur marang diri pribadi mesti biso jujur sapodo-podo, ing ndonyo manungso tinitah nduweni sifat becik, olo, kaluwihan, kekurangan, sarto nduweni wates ing samubarang bab, koyoto winates ing bab bondo ndonyo, wektu, rekodoyo lan sakpiturute, banjur nyupeno nisto lan nistip yaiku ora kerem, gelem lan sedyo tumindak nistho sing njalari uripe manggih popo.
3.    Tapaning Howo Nafsu
Howo nafsu iku sing ambabar karso, mulo di ajab podo nglakoni sabar alim, sabar tegese biso momot sambarang karso sing enak lan ora kepenak dirasakake dening wong akeh, nglakoni dadi sendang biso madahi opo wae ora mbedakake barang resik lan barang reged, alim tegese biso ngemong lan momong atine dewe lan atine liyan, banjur kebak pangapuro senadyan pini sakit lan dianioyo, kabeh den pasrahake marang kang amurbo sukmo bakal pikoleh keadilan ing wuri becik ketitik olo ketoro.
4.    Tapaning Roso Jati
Roso jati ambabar cipto yaiku kahanane roso sing murni tegese durung keno pengaruh opo-opo, suwung soko karep lan pangarep-arep / pangangen-angen, bisaning nggayuh sarono ngudi enenge engine kalbu, cipto diujudke kanthi mujo semedi, enenge cipto ateges cipto digawe mandeg lan entinge cipto ateges cipto ora nyipto sawiji opo, mesu mujo semedi sajak’e lumaku tumrap sing durung sempurno rohanine, balik sing wes nampung krido ora perlu mesu semedi maneh, kang wes nawung krido digambarake mangkene :
“Istijab sasabdaniro, jumeneng wisnumurti trikolo sampun kawengku, wiyar tanpo wangenan maneh animbo tirto jaladri, sinung wenang kaonang-onang kanangrat” lan kaparingan conto satriyo Jhodipati kang wus amengkoni sariro Dewo Ruci Tribuono biso amor pamore dyah Werkudoro, perlu diuningani menowo pujo semedi kuwi carane mawerno-werno mulo perlu digoleki endi sing anyocoki tumrap diri pribadi, sak umpomo ora ono sing anyocoki yo prayogo gawe dewe.

5.    Tapaning Sukmo
Sukmo dimangerteni minongko jatining roh, roh sing nggerakake roso jati, howo nafsu budi lan jasad, mulo diajab podo nggelar marto tegese sabar, andap aor, ambeke alus serto martani : yaiku paring kabar kabungahan marang pepodho, ransah tulus ikhlas ing sabarang karso ora duwe kekarepan nyepatani liyan, sanadyan digawe nesu lan lagi ora enak ing galih, sepatane ucap kuwi mandine ngluwihi pedang, lan sing pungkasan biso ngemong atine liyan.
6.    Tapaning Cahyo Amuncar
Cahyo amuncar yaiku urub pangareb uruping budi sing sumorot koyo kartiko ambyor, asring sinebut lintang johar / bintang kejora, mulo diajab podo waskito marang mubah musik’e jaman lan wolak walik’e kahanan, eling marang panuntun basuki yaiku sing dadi pamomonge diri pribadi, serto ora samar ing pandulu, ora ragu-ragu nyumurupi sawernaning sing katon ngetingal sajrone pujo semedi sing elok lan ngedap-edapi umpamane kolonganing kaluwung kuwi mung soroe wareh lan dudu zating kang amurbo sukmo, samar ing pandulu njalari sisip sumusup tibo ing sasar dadi demit manjing watu kekayon, kayu watu ing anggep suwargo.
7.    Tapaning Urip
Yaiku urip sejati lan uriping diri pribadi mulo diajab tansah santoso ngukuhi pangandel, ngandel marang kang amurbo sukmo ngati-ati lan ora sumelang ing galih marang gaib ing kang amurbo sukmo, sing tanpo tanding lan ora kocap dening ucaping manungso umpomo : “ojo sok simpen wadi mundak ngandut sumelang/ kapekso duwe ati ora prasojo, ananging yen ler weh demen ngandakake wadineng liyan suwe-suwe ngandakake wadine dewe, golek ono kareping piwulang iki yektine yen wadi ora keno sinumpet opo ono tertibe wong simpen wadi sing ngungkuli wong begadang, suket godong ora krungu suwe-suwe ketitik soko sumbang liring, nanging iseh keno diselak’i “ewo semunu Gusti Allah asung paweleh kalawan pratondo yekti kang winadi katon ono ing wetengan tegese kowe ojo ngandakake wadining liyan, kang nduwe wadi bakal kondo dewe, embuh enggal lawase iku wes mesti, yoiki teteping unen-unen olo ketoro becik ketitik”.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar